JAMASAN PUSAKA

 

 

Wulan Sura sampun badhe purna  

Kagem para kadang, para priyantun ingkang kagungan Pusaka wujud punapa kemawon (dhuwung/keris, patrem, tumbak, lss), ing wulan Sura punika wancinipun kajamas, kajawi minangka reresik ugi minangka memule (mulyakaken) para leluhur (para Empu) ingkang sampun yasa Pusaka-pusaka punika kanthi kebak lampah kang mboten gampil pun tindakaken dening sadengah titah, awit umpami margi makaten saklangkung rumpil tur sungil yen linampahan.

Sumangga para kadang, kita samya hangrungkebi luhuring budaya ngiras pantes ngaosi tilaraning para leluhur kanthi anjamasaken Pusaka-pusakanipun ing gubug kula Manukan Subur V no. 33, Surabaya, mbenjang Jemuwah  tanggal kaping 25 wulan Juli 2025, kawiwitan wanci tabuh 09.00 enjing.

Prabeyanipun kula sumanggakaken dumateng kadar kaekhlasaning panggalih para kadang ingkang sami anjamasaken pusakanipun "jer basuki mawa beya"

Kagem ingkang badhe njamasaken, kita rantos ngempaling pusaka wiwit dinten punika ngantos mbenjang  Kemis 24 Juli 2025.

Sumangga kawula rantos rawuh panjenengan sami… ing gubug kula.

Bagi para pemilik pusaka peninggalan leluhur seperti keris,tombak, pedang dsb. yang ingin mencucikan/menjamaskan pusakanya, bisa menitipkan kepada kami di Kendalisadha com, jl. Manukan Subur V no. 33, Tandes - Surabaya, paling lambat hari Kamis tgl. 24 Juli 2025 pkl. 17.00
Penjamasan akan dilaksanakan hari berikutnya Jum'at tgl. 25 Juli 2025 mulai pkl. 08.30 WIB 
Biaya sukarela 

RAHAYU

Tidak ada komentar:

Posting Komentar